Kamis, 07 Januari 2016

SHOLAWAT MALAM JUM'AT




 
 
صل وسلم دائما على احمد
والال والاصحاب من قدوحد
Saben malam jumat ahli kubur tilik omah
Perlu nyuwun doaa ayat quran sak kalimah

Lamun ora di wenehii banjur bali brebes mili
Bali nyang kuburaan manggul tangan tetangisan

Kebangeten temeen anak lan putuku
Siro ora wirang podo mangan tinggalanku

 Lamun aku bisoo bali ing alam dunyo
Mestii tak jalui barang sing iseh ono

Koe iseh ciliik podo tak rumati
Bareng koe wes gedee lali abah umi

Yo wes aku wekas karo koe seng ati ati
Ora bakal suee koe arep nututi

Iling ilingoo pecat nyowo iku loro
Nyowone podo mabuur nyang akhirat soko dunyo

Wong maati ikuu bangeet lorone
Dageeng kulitee koboong rasane

Kubuuran ikuu bangeet petenge
Leemah lemeke geluu bantale

Mulo uwong ureep seng ati ati
Ojoo nurutii seneenge ati

Wajib mikirakee yen aarep mati
Bakaal dak weruuh yen aarep mati

wassalaam